Kanthi sumunaring lampu,
Amadhangi kanan kering,
Sowan hamba mring Hyang Suksma
Mugi-mugi amaringi
Pajaring manah kawula
Mung saking Hyang Maha Suci.
Sang Budha titah pinunjul
Wicaksana lair batin
Tinampia ingkang tirta,
Minangka sembah myang bekti
Mugi peparinga welas
Lir tetesing toya jati.
Sang Budha titah pinunjul
Wicaksana lair batin
Tinampia ingkang boga,
Kanthi renaming kang galih
Mugi peparinga welas
Lir tetesing boga jati.
Kanti ganda sekar arum
Angambar ameratani
Sinembah pada Sang Budha
Pada lir saroja suci
Minangka bekti kawula
Kasampurnan munggwing mami
**Raga mesti nedya lebur
**Kadya sekar kang sinaji
**Layon-layon sami sirna
**Sirnaning raga sejati
**tatas tapis tanpa tilas
**Mulo ayo amemuji
Kukusing dupa kumelun,
Ganda arum meratani
Raosing bekti kawula
Sun pepuji siyang ratri
Kang pantes sinudarsana
Kawicaksanan ngayomi
Artikel keren lainnya:
Belum ada tanggapan untuk "CAKEPAN SEKAR KINANTHI INGKANG KANGGE PUJA-PUJI SESAJI (Parita Jawa)"
Post a Comment