DURMA
- He pra mudha elinga piwulang Budha
Nalika jaman nguni
Candhi-candhi cetha
Rah tumrah weh tuladha
Kalokaning kaki nini
Dahat sanyata
Tuhu wibawa mukti
- Sayektine pra eyang angrasuk Budha
Winahyu ing Hyang Widhi
Las tilase nyata
Prastawa candhi Budha
Dheder pangarsaning Budhi
Jiwa santosa
Yuwana salami-lami
- Nyatanira jaman Budha wus kasusra
Manca pat manca nagri
Gul-aguling wangsa
Budha suci Budhinya
This mathising lair batin
Ngungkap sejarah
Ing candhi kinarya bukti
Artikel keren lainnya:
Belum ada tanggapan untuk "Durma (parita Jawa)"
Post a Comment