PANGKUR
- Anapak piwulang budha
Napak sungging jroning candhi
Candhi Budha Borobudhur
Run-tumurun wus kaloka
Kalokingrat dadya ojad brayan agung
Dadya tepa lan tuladha
Tuladha tinunggak semi
- Semedi weninging cipta
Weninge ciptaning galih
Layap-liyeping ngaluyup
Pindha pesating supana
Dhem-sidhem jiwa smungkem mring Hyang Agung
Jiwa ngudi kawijayan
Ya wijayaning ngaurip
- Nyumurupi sangkan paran
Mrih gamblanging kang galih
Gambling sangkan paranipun
Budha Mahayana cetha
Tharik-tharik prasasti ing Borobudhur
Ngeksi-keksi wewentehan
Iku ugering pra Budhi
Artikel keren lainnya:
Belum ada tanggapan untuk "Pangkur (Parita Jawa)"
Post a Comment